dongeng lucu bahasa jawa
Dongeng lucu bahasa jawa

Dongeng Lucu Bahasa Jawa Bikin Ngakak Gak Ada Habisnya

Posted on

Sebelumtidur.com – Kapan terakhir baca dongeng lucu bahasa Jawa hayoo, kangen bahasa Jawa gak? Cerita lucu dalam bahasa Jawa emang bikin ketawa terus yaa, dongeng bahasa Jawa pendek emang sering dicari karena keluacuannya.

Logat yang dipakai bikin perut dikocok karena sangking lucunya. Kali ini dongeng lucu bahasa Jawa bisa kamu baca disini yaa, yaa kali ini kita akan bareng bareng baca cerita lucu dalam bahasa Jawa kalau gak lucu berarti kadar lucu kita berbeda oke. he hee.

Dongeng Lucu Bahasa Jawa

Sudah penasaran yaa sama dongeng bahasa jawa pendek yukkk simak ini,


Awale aku mung dewean menyang pasar, aku numpak onthel ku sing wernane ireng, onthel ku iki sok uwong nyebut “onthel kebo” aku ngonthel karo gowo daganganku sing tak boncengke ning mburi.

Esuk kuwi aku ngonthel santai yoo soale kisuken sing ku mangkat, aku ra pikiran piye piye pas ning dalan ehh jebul ning ngarep ku ono wadon ayu rambute ireng dowo banget, lha aku kaget kok esuk esuk ngene ono wadon nongkrong ning buk.

Jane aku ra niatan marani wadon kui ning kok penasaran. Ati ku deg deg an, pas tak cedaki kok buk.e kui ora tekan tekan.

Yowes sing jane aku ra niat nyeraki sidone aku niat tenan nyeraki wadon kui tur neh yoo isih esuk ora bakal kelewatan pelangganku. Aku ngebut tenan, onthel ku tak obel nganti ambekanku ngos ngosan.

Ehh aku ra nyongko wong wadon kui ngulatke aku karo mesam mesem, ati ku tambah deg deg an. Duhh wis suwe banget rasane diesemi wadonan. Aku tambah semangat sing ngobel pedal onthel ku.

Aku pengen nemoni wadon mau terus tak omongke puisi cinta basa Jawa sing lagi wae kelewat ning pikiranku soale aku dadakan seneng wadon kui.

Embuh pas kuwi aku ra isoh mikir meneh, sing tak pikirke mung piye carane onthel ku iki tekan panggonane wadon kui. Tak roso roso ketoke cerak kok ra tekan tekan, aku niliki mburi motor wis podo lewat dalan ku nglanggar aku sing ngonthel.

Ehh tak ulatke meneh tibake wadonan kui malah guyu nyawang aku, aku tambah melu guyu aku seneng banget, ketoke lagi wae aku weruh nanging ati iki pengen marani.

Aku tambah banter sing ngobel pedal, ehh nanging kok rasane kesel banget kok ora tekan tekan ngono lohh. Lahh wektune tambah suwe, konco konco dagang ku wis podo mangkat aku yoo weruh bocah bocah enom lari lari.

Trus tak pikir lohh aku kok karo sing mlayu banter sing mlayu aku padahal ngonthel lohh. Tak ulatke meneh wadon mau, wonge mesam mesem ngempet guyu iruh aku, aku yoo bingung dadine.

Trus aku ngulatke ngisor lha kok jebul onthelku ki tak parkir standar dobel trus durung tak copot ning wis tak tumpaki makane aku ngayuh ket mau kok ra tekan tekan, aku isin dewe ngantian.

Aku mau mandek delo beneri daganganku sing arep jiglok, soale aku kulakan krupuk barang pesenane ibu ibu. Eheheheee, lha kok lali standare urung tak copot.

Aku guya guyu medun soko onthel trus beneri standar, wis bener kabeh saiki aku numpaki onthelku meneh. Karo nahan isin aku lewat ngarepe wadon mau ning ora sido mandek, wis kebacut isin.


Wahhh misal saya yang jadi mas itu pasti malu banget yaa, cerita lucu dalam bahasa Jawa semoga bisa bikin kamu senang yaa. hehee kalau gak lucu yaa gak papa yang penting udah berusaha melucu yaa.

Yukkk simak terus dongeng bahasa Jawa pendek biar hidup tambah berwarna sama logat logat lucunya.

Bagi Dong, Bagaimana Pendapat Positifmu tentang Topik Di atas?