Fabel bahasa jawa kancil lan siput
Fabel bahasa Jawa kancil lan siput

Fabel Bahasa Jawa Kancil Lan Siput, Siput Kelangan Cangkang

Posted on

Sebelumtidur.com – Sugeng dhalu poro sederek ingkang badhe tilem ing wengi meniko. Sakderenge tilem monggo kulo derekake midanget Fabel Bahasa Jawa Kancil Lan Siput, Siput Kelangan Cangkang. Dongeng lucu bahasa Jawa iki mugo mugo saget damel penggalihe sederek podo seneng.

Selamat malam sahabat semua yang sudah siap siap tidur malam ini. Sebelum tidur yukk saya antar membaca Fabel Bahasa Jawa Kancil Lan Siput, Siput Kelangan Cangkang (Fabel Bahasa Jawa Kancil dan Siput, Siput Kehilangan Cangkang). Dongeng lucu Bahasa Jawa ini semoga bisa membuat sahabat semua jadi bahagia.

Dongeng boso Jowo sakniki sampun katah ketinggalan jaman. Critane mung iku iku wae mboten berkembang kados dongeng liane. Padahal lare lare alit niku butuh pendidikan ingkang sae nopo meneh masalah toto kromo Boso Jowo.

Dongeng bahasa Jawa sekarang sudah banyak yang ketinggalan zaman. Critanya hanya itu itu saja tidak ada perkembangan seperti dongeng lainnya. Padahal anak anak kecil itu membutuhkan pendidikan yang bagus tentang tata krama Bahasa Jawa.

Sakderenge masuk dongeng kulo ajeng tanglet sinten sing pun pernah maos kumpulan dongeng bahasa Jawa? Menawi pernah monggo tulis wonten ing kolom komentar nggeh. Sanajane dongeng boso Jowo niki sampun angel dipadosi nanging mugi mugi budoyo Jowo tasih wonten ing ati kulo lan panjenengan sami.

Sebelum masuk dongeng saya mau tanya nihh siapa yang sudah pernah membaca kumpulan dongeng bahasa Jawa? Kalau sudah pernah tulis di kolom komentar yaa. Walaupun dongeng basa Jawa sudah sulit dicari tetapi semoga budaya Jawa masih ada di hati saya dan semua sahabat disini.

Fabel Bahasa Jawa Kancil Lan Siput

Esuk kui nalikane kancil isih sebel amargo deweke wis dikalahke siput pas lomba maraton, kancil gawe gawe reko doyo supoyo awake kancil ngerti alasane kok awake biso kalah.

Kancil golek papan panggonan sing ayem ing ngalas kanggo nentremke atine. Ning pinggir kali dipilih kancil, delalah ning kono ono manuk sriti sing lagi golek ngombe.

Fabel bahasa jawa kancil lan siput. Sriti weruh kancil sing meneng wae terus sriti ngampiri kancil kui mau.

“Cill, kancil..kowe keneng opo kok rai ne ditekuk ora cetho koyo ngono?”

“Wahh kowe to sriii, tak kiro sopo, aku lagi mumet sri, mosok wingi aku lomba maraton karo siput aku isoh kalah, kowe ngerti to sri nek aku ki playune banter, ki loo sikilku ora loro, aku mlayu kebat ning kok isoh kalah”

“ojo ojo kowe digawe kalah karo siput cil, lha kok yoo kowe lomba maraton kare siput alasane opo?”

“Lha wonge nantang sik kok sri yoo tak ladeni, aku kan ora wedinan sri, sik sri aku meh takon, kowe kenal siput tenan ora sri, ki aku engko tiwas crito trus mbok kandake siput !!”

“Ha.haaa aku kenal siput cil, ning aku yoo kenal awakmu, aku biasa wae cil karo kabeh kekancan sing apik, sajake kowe sebel banget to cil karo siput?”

“yo jelas, ki ati ku isih keloro loro diisin isin sak ngalas”

“sik cil, tak ewangi neknu golek kabar soal siput kok isoh ngalahke kowe, aku mau sedurung mrene aku weruh siput lagi mlaku ning pinggir ngalas karo ngguya ngguyu, tak tilikane sik”

“Wahh yoo matur suwun yoo sriii, ati ati ning dalan ehh ning langit”

dongeng lucu bahasa jawa
Dongeng lucu bahasa Jawa

Sriti mabur duwur ninggalke kancil sing ning pinggir kali. Sriti ngewangi kancil, soale ngroso nek musuhan kuwi mesti ora penak. Sriti mabur terus iruh siput sing lagi mlaku. Sriti mencok ning uwit sing gede, deweke nginjen siput. Tibake siput mau bar pesta bareng karo konco koncone. Rombongan siput cacah 15 yoo ono.

Fabel bahasa jawa kancil lan siput. Sriti trus nyedaki siput ning siput ora nganti ngerti nek sriti lagi ngrungoke opo wae sing lagi diomongke siput. Tibake kelakuane siput mau ora becik. Siput pas lomba maraton ngajak konco koncone mau dinggo ngalahke kancil.

Siput loro ati pas diunekke kancil awake ki cilik tur yoo lemah. Makane siput nantang kancil kanthi lomba maraton. Sriti ngrungoke kabeh kanti sabar. Sak banjure sriti sing kekancan karo siput ning yo karo kancil barang, awake marani siput terus etok etok ora ngerti masalah anatarane kancil lan siput.

“Ehhh rombongan siput kok ketok seneng banget ono opo iki?”

“Ehh kowe srii, soko ngendi kowe mau? Iki loo aku sak konco bar pesta mangan buah, aku bar ngalahke kancil lomba maraton wingi”

“Wahh hebat kowe put isoh ngalahke kancil, aku mau soko kali golek ngombe, ehh put sik sik, kowe ora salah isoh ngalahke kancil mlayu? Kancil kan mlayune kebat nganti koyo kilat.”

“Wahahahaa kok yoo kowe ngerti sri nek kancil mlayune kebat, yoo encen kancil wis terkenal mlayu banter ning tibake kancil kalah karo aku, aku kan pinter, aku mestine isoh ngalahke kancil, aku yoo wani kok ngalawan sopo wae, tak tandangi kene nek ngajak aku lomba.”

“Wahhh ojo ngono kowe put siput, ojo dumeh, mengko kowe kepangan omonganmu dewe.”

“Yowben to srii, aku kan wonge isoh opo wae, emange kowe sing mung isoh mabur ning ora isoh mlayu ha haa”

“Sekarepmu put siput…”

Fabel bahasa jawa kancil lan siput. Sriti mabur ninggalke siput sing tibake dadi dumeh (sombong) goro goro isoh ngalahke kancil. Sriti sing awale kekancan dadi sebel karo siput amargo sifat sombonge sing nglarani ati ne sriti.

Sriti mabur karo neteske eluh sing diomong siput jare awake ora isoh mlayu lan mung isoh mabur tok. Sriti sing keloro ati mau banjur ngampiri kancil. Tibake kancil wis ora ono ning pinggir kali.

Sriti goleki kancil mrono mrene, takon ulo, takon boyo, takon kebo, takon manuk gagak, takon semut, lan kabeh kewan sing ono ning ngalas kui mau kabeh ditakoni nanging podo ora ngerti kancil lungo ning endi.

Fabel bahasa jawa kancil lan siput. Sriti due kekarepan wenehi pelajaran kanggo siput sing dumeh. Sriti sing bingung goleki kancil trus deweke leren ning pinggir tlogo. Sriti meneng wae lagi mikir.

Dumadakan kancil getak sriti sing lagi mikir kui mau.

“Daaaa…..”

Sriti kaget terus mabur saknaliko. Nanging pas ngulatke mburi sriti iruh kancil tibake sing ngageti kui mau, sriti banjur mudun trus marani kancil. Sriti crito kabeh sing dirungongke soko siput sriti ugo crito nek saiki siput dadi dumeh lan ngece sriti.

Sriti crito nganti neteske eluh. Kancil melok mikirke sriti sing lagi loro atine. Nanging kancil sakjane uwis ngerti nek siput iku ora jujur pas lomba, soale kancil iruh cangkange siput sing nantang awake lomba karo cangkang siput sing menang kuwi bedo rupane.

Akhire kancil lan sriti gawe coro supoyo siput isoh sadar marang panggaweane sing salah. Kancil mau lungo soko kali tibake awake ketemu karo rekseso sing gede banget awake. Rekseso mau gaweane mangan kewan kewan kanti urip urip.

Sriti lan kancil mangkat bareng menyang guo sing dadi panggon turu rekseso mau. Sriti wedi, kancil yoo wedi, nanging kabeh mau dilakoni kanti wani.

Fabel bahasa jawa kancil lan siput. Kancil duwe usul nek ngajak lomba susur guo. Guo sing dipilih yoiku guo ne rekseso kui. Kancil wis sinau tingkah lakune rekseso sing metu nek pas awan, liane kui rekseso turu ning jero guo.

Kancil ugo wis sinau bentuke guo mau dadi rencanane siput dikon mlebu pas rekseso arep metu terus kancil yoo melu mlebu tapi langsung metu pas siput mlebu. Kancil bakal metu soko pinggir guo.

Sriti cocok marang ide ne kancil. Sriti terus gawe woro woro menyang kabeh kewan ning ngalas nek kancil nantang siput lomba susur guo. Kabeh kewan ngrasani kancil nek kancil ora trimo kalah lomba maraton wingi.

Kabeh kewan ora ngerti nek guo kui mau guo ne rekseso. Siput sing ditantang kui banjur marani kancil. Lomba bakal dienekse sesuk.

Pas tibo mangsane lomba, kabeh kewan wis kumpul ning ngarep guo esuk esuk, perjanjiane sopo sing isik dewe metu soko guo berarti kuwi sing menang.

Fabel bahasa jawa kancil lan siput. Siput gawe reko doyo karo kanca kancane serombongan. Lomba bakal diawiti kanti keterangan soko sriti sing njelaske aturan aturan lomba.

Lomba diwiwiti. Siput mlebu disik disikan karo kancil, kancil pas mlebu langsung metu guo lewat samping podo pas rencanane kancil.

Siput mlebu terus, tibake ning mburi guo siput wis nyiapke koncone ben deweke isoh menang meneh. Lahh tibake pas ning jero guo siput iruh rekseso sing gede banget. Siput njerit banter trus kanca kanca siput liane melu melu njerit mergo kaget.

Jeritane siput sing rame lan bareng bareng kui mau banjur gugah turune rekseso. Rekseso nesu mlayu metu guo. Pas mlayu mau rekseso ngidak siput langsung wae cangkange siput kui pecah.

Rekseso sing ngamuk medeni kewan kewan sing ngumpul ning ngarep guo ne. Nanging rekseso loro telapak sikile soale bar ngidak cangkang siput sing lancip. Rekseso mlayu ning tlogo banjur ngrendem awake ning tlogo.

Fabel bahasa jawa kancil lan siput. Kewan kewan sing nonton lomba mau podo mlayu naning podo balik meneh ning guo pengen ngerti nasibe kancil lan siput sing lagi lomba.

Kancil metu kanthi plengah plengeh. Siput sing pecah mau digeret konco konco siput liane. Siput digowo metu soko guo. Kabeh kewan sing nonton podo kaget weruh siput sing cangkange pecah mau. Nanging siput isih urip mung cangkange wae sing rusak.

Kebo sing mbelo siput banjur ngomong,

“Ehh mesake temen kui siput pecah cangkange, cil kok kowe jahat banget tego nglarani siput ngono kui”

Monyet melu melu ngomong,

“Kancil sing ra trimo kalah lomba maraton wingi dadi bringas, tego kowe cil, siput nganti pecah koyo ngono”

Ngrungoke omongane kewan kewan, kancil dadi soyo nesu. Sak banjure kancil ngomong kabeh nganggo suoro sing lantang,

“Ehh kowe kabeh podo ora ngerti sing sakbenere. Iki siput wis ngapusi awake dewe, wonge nantang aku lomba maraton wingi tibake wonge ngajak konco koncone, nek ora percoyo kae ulatno grombolan siput ning mburine siput sing pecah kui. Lomba susur guo iki tibake wonge yoo arep ngapusi meneh, ngono ku aku sing disalahke?”

Ngrungoke omongane kancil tibake kewan kewan mau podo mlongo, lagi reti nek tibake siput kelakuane ora becik, siput ngapusi wong akeh pas lomba maraton kui.

dongeng boso jowo
Dongeng Boso Jowo

Sriti melu melu nambahi omongane kancil,

“Heee kewan kewan ning ngalas, ulatno siput, wonge pantes entuk balesan sing ngono kui mau soale wonge dumeh, dumeh due kekuatan, dumeh due segalane terus siput meh nantang kowe kowe kabeh. Aku krungu langsung omongane siput. Aku yoo dadi korbane siput, aku di elek elek, aku ora trimo.”

Kewan kewan terus dadi melok sebel karo siput sing tibake tukang ngapusi. Terus kabeh kewan kewan dadi nyalahke siput. Siput sing cangkange pecah mau banjur nangis terus njaluk ngapuro karo kabeh kewan ning ngalas.

“Konco konco ku, sing diomongke kancil lan sriti mau bener, ngapurane aku sing seneng ngapusi, soale aku yoo keloro ati pas diomong kancil nek awakku ki cilik, aku lemah, aku yoo ra trimo, ning ora sak mestine aku ngapusi marang kowe kabeh, ngapurane aku sriiii sing nglarani ati mu mergo aku dumeh.”

Kancil nyemauri,

“Yooo put siput wis tak ngapuro, kowe kudu ati ati karo omongamu lan tumindakmu ben kowe ora rekoso koyo saiki.”

Sriti nambahi,

“Yoo put wis tak ngapuro, ning kowe kudu janji ora bakal ngapusi meneh.”

Ngrungoke kui siput banjur janji ora bakal ngapusi meneh, kabeh podo salam salaman lan kewan kewan ning ngalas kui dadi akur meneh.

Pas podo wis seneng kabeh banjur rekseso sing nyilem ning tlogo mau bali neng guo. Kabeh kewan podo wedi, rekseso sing wayahe golek pangan kui ngamuk golek kewan sing isoh dipangan.

Rekseso nyekel kidang sing gede terus digowo menyang guo, sakdurunge digowo mlebu kidang mau isoh mlayu, rekseso terus njikuk gebuk ning jero guo.

Sakdurunge rekseso metu kancil lan kabeh kewan ning ngalas ngentrok ngentrok pintu guo. Terus pintune ambruk, rekseso ora biso metu lan mung gereng gereng ning jero guo.

Kewan kewan podo mlayu kabeh kanti ati seneng soale rekseso wis ora isoh metu soko guo. Kewan kewan tambah seneng amargo wis podo akur meneh. Cangkang siput sing pecah diganti nganggo bathok klopo.

=====><=====

Nahhh ngono kui mau dongeng lucu bahasa Jawa, dongeng boso Jowo sing nyritake kancil lan siput sing musuhan terus dadi apik meneh.

Nahhh itu tadi dongeng lucu bahasa Jawa, dongeng boso Jowo yang menceritakan kancil dan siput yang bermusuhan lalu menjadi saling memaafkan dan baikan.

Hayoo sederek sebelumtidur.com wis nemu kumpulan dongeng bahasa Jawa opo durung? nek uwis ojo lali yooo tulis kumpulan dongeng bahasa Jawa kui mau ketemu ning endi yoo, critake ning kolom komentar.

Hayoo sahabat sebelumtidur.com sudah menemukan kumpulan dongeng bahasa Jawa apa belum? Kalau sudah jangan lupa yaa tulis kumpulan dongeng bahasa Jawa itu tadi kalian temukan dimana, cerita di kolom komentar yaa.

Soko fabel bahasa Jawa kancil lan siput kui awake dewe isoh njikuk hikmah, ing antarane:

  1. Ojo ngece lan ngelek ngelek koncone dewe
  2. Ojo dumeh yen due opo opo
  3. Urip sing akur marang sepodo podo
  4. Reko doyo bareng bareng bakal gawe sukses

Dari fabel bahasa Jawa kancil dan siput itu kita bisa mengambil hikmah, diantaranya:

  1. Jangan menghina teman sendiri
  2. Jangan sombong kalau memiliki kelebihan
  3. Hidup saling mengasihi sesama
  4. Berusaha bersama sama nanti akan membuat sukses

Dongeng liane biso ditiliki neng kene yaa. Nahh ngono yoo dongeng lucu bahasa Jawa, mugo mugo dongeng boso Jowo iki mau biso nambahi wawasan karo sederek kabeh. Salam budoyo.

Dongeng lainnya bisa dilihat disini yaa. Nahh gitu yaa dongeng lucu bahasa Jawa, semoga dongeng boso Jowo ini tadi bisa menambah wawasan untuk semua sahabat. Salam Budaya.

Bagi Dong, Bagaimana Pendapat Positifmu tentang Topik Di atas?